Mamut
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mamut iku génus gajah purba sing wis cures. Ukuran awaké luwih gedhé tinimbang gajah normal sing ana ing donya saiki. Gadhingé nglingker mbentuk kurva arah lumebu lan, ing spésies lor, kanthi rambut dawa. Mamut urip ing epos Pleistocene wiwit 1,6 yuta taun kapungkur tekan watara 10.000 taun kapungkur. Tembung mamut asalé saka basa Ruslan мамонт.
Mamut Kalamangsa: Awal Pliocene tekan Holocene | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Proboscidea |
Famili: | Elephantidae |
Génus: | Mammuthus Brookes, 1828 |
Species | |
|
Ana kasalahpahaman yèn mamut luwih gedhé tinimbang gajah. Spesies gedhé dhéwé mamut sing dingertèni, Mammoth Imperial California, duwé dhuwur geger sakurang-kurangé 5 mèter. Mamut lumrahé duwé bobot 6-8 ton, nanging mamut lanang sing gedhé bobotébisa tekan 12 ton. Gadhing mamut dawané 3,3 mèter tinemu ing lor Lincoln, Illinois taun 2005. Sabagéyan gedhé spésies mamut duwé ukuran sapadha gedhé Gajah Asia modhèren.