Maléo sènkawor
From Wikipedia, the free encyclopedia
Maleo Senkawor utawi Maleo punika sato kéwan jinis manuk ingkang gadhah nama ilmiah Macrocephalon maleo.[1] Maleo Senkawor punika salah satunggaling jinis manuk gosong ingkang gadhah ukuran sedang saha dawanipun antawis 55 cm.[1] Maleo Senkawor punika tunggal-tunggaling manuk ingkang wonten génus tunggal Macrocephalon.[1] Ingkang nggumunaken, nalika nembé netes saking tiganipun, manuk maleo punika sampun saged mabur.[1] Ukuran tigan manuk maleo awratipun 240 gram ngantos 270 gram saben tiganipun, ukuran dawanipun kirang langkung 11 cm.[1] Manawi kabandingaken kaliyan tigan ayam ukuranipun langkung ageng kaping gangsal ngantos wolu.[1]
Maleo Senkawor | |
---|---|
Endangered | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Kéwan |
Filum: | Chordata |
Klas: | Manuk |
Ordho: | Galliformes |
Famili: | Megapodiidae |
Génus: | Macrocephalon Müller, 1846 |
Spésies: | M. maleo |
Jeneng binomial | |
Macrocephalon maleo S. Müller, 1846 | |
Nanging sapunika, manuk maleo senkawor kathah ingkang sampun pejah saéngga saged cures.[2] Bab punika amargi habitat utawi panggénan gesangipun ingkang sangsaya cupet saha tigan-tiganipun manuk maleo senkawor ingkang kathah dipunpendheti déning manungsa.[2] Cacahipun manuk maleo senkawor sapunika dipunètang kirang langkung kirang saking sedasa èwu manuk.[2]