Lenga gas (basa Indonésia: lenga tanah, basa Inggris: kerosene utawa paraffin) iku cuwèran hidrokarbon kang tanpa warna lan gampang kobong. Dat iki diasilaké kanthi cara distilasi fraksional saka petroleum ing suhu 150 °C lan 275 °C (ranté karbon saka C12 nganti C15). Jaman dhisik dat iki kerep dianggo muinangka bahan bakar lampu lenga nanging saiki mligi dianggo bahan bakar mesin jet (luwih teknikal Avtur, Jet-A, Jet-B, JP-4 utawa JP-8). Sawijining wangun saka lenga gas dikenal minangka RP-1 dibakar nganggo oksigèn cair minangka bahan bakar rokèt. Jeneng kerosene diudhunaké saka tembung basa Yunani keros (κερωσ, malam).

Kagunan liya

Ing Indonesia, lenga gas dipigunakaké kanggo ngusir koloni gegremet sosial, kaya semut, utawa ngusir kecoa. Saliyané iku, sawatara pembasmi gegremet uga migunakaké lenga gas minangka komponèné.

Jeneng umum

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.