![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/Carpatho-Rusyn_sub-groups_-_Sanok_area_Lemkos_in_original_goral_folk-costumes_from_Mokre_%2528Poland%2529_..jpg/640px-Carpatho-Rusyn_sub-groups_-_Sanok_area_Lemkos_in_original_goral_folk-costumes_from_Mokre_%2528Poland%2529_..jpg&w=640&q=50)
Lemkivshchyna
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lemkivshchyna utawa Lemkovyna (basa Polandia: Łemkowszczyzna; Rusyn: Лемковина/Lemkovyna; Basa Ukrania: Лемківщина Lemkivshchyna) ya iku wewengkon ing Éropa sing asliné didunungi déning wong Lémko. Sanajan wong Lémko iku mujudaké sawijining kelompok ètnik sing mirunggan, nanging wong-wong kasebut nganggep yèn dhèwèké iku minangka bagéyan saka masarakat Rusyn lan/utawa masarakat Ukraina. Wewengkoné Lemkovyna akèh nyrambahi sadawaning tapel wates antarané Polen lan Slowak tekan sawenèh pérangan kuloné Ukraina.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/Carpatho-Rusyn_sub-groups_-_Sanok_area_Lemkos_in_original_goral_folk-costumes_from_Mokre_%28Poland%29_..jpg/640px-Carpatho-Rusyn_sub-groups_-_Sanok_area_Lemkos_in_original_goral_folk-costumes_from_Mokre_%28Poland%29_..jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6a/Akcja_wisla_cm01.jpg/320px-Akcja_wisla_cm01.jpg)