![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8c/POL_Pozna%25C5%2584_COA.svg/langjv-640px-POL_Pozna%25C5%2584_COA.svg.png&w=640&q=50)
Lambang Poznań
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lambang kutha Poznań wujudé témbok kutha awarna putih sing dhuwuré ana telung menara. Ing sisih kiwa ana gambaré Santo Petrus sing nyekel kunci lan ing sisih tengen ana gambaré Santo Paulus sing nyekel pedhang. In gapura témbok ana kunci emas loro sing nyilang lan dhuwuré ana salibé. Ing menara tengah sing ana cendhélané lan ana bèntèngé, ana gambaré tamèng sing isiné garudha putih nganggo makutha. Latar tamèng wernané abang. Ing sisih gambar wong suci loro iki ana wulan lintang emas. Kabèh unsur-unsur iki ana ing latar awerna biru. Ing dhuwuré tamèng ana makutha emas.
![Lambang Poznań](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8c/POL_Pozna%C5%84_COA.svg/640px-POL_Pozna%C5%84_COA.svg.png)