Laksa yaiku panganan jinis mi kang dibumboni ngango kabudayan Peranakan, kang digabung karo unsur Tionghoa lan Malayu. Laksa duwé sapérangan jinis laksa, lan kang paling misuwur yaiku jinis Laksa Penang, wujud mi-ne bunder putih lan kandel sithik. Ing Indonésia uga ana sapérangan jinis laksa kaya ta Laksa Bogor lan Laksa Batawi. Jeneng Laksa kajupuk saka basa Sanskerta kang duwé tegas akèh, nuduhaké yèn mi Laksa kagawé saka pirang-pirang bumbu.

     
Laksa kang umum kaloka ing Malaysia

Jinis-jinis Laksa

Lumrahé ana 3 jinis laksa yaiku Laksa Kari, Laksa Asem, lan Laksa jinis liyané.

Laksa kari

  • Laksa lemak, kaloka uga kanthi jeneng Laksa nyonya
  • Laksam, asalé saka Terengganu
  • Laksa Katong saka laladan Katong ing Singapura

Laksa asem

  • Laksa Pulau Pinang, uga kaloka minangka asem laksa
  • Laksa Johor, asalé saka praja Johor
  • Laksa Ipoh, asalé saka Ipoh, Malaysia, mèmper Laksa Penang nanging luwih kecut
  • Laksa Kuala Kangsar
  • Laksa Perlis
  • Laksa Kedah
  • Laksa Kelantan

Laksa liyané

  • Laksa Serawak, asalé saka Sarawak ing pulo Kalimantan.
  • Laksa Bogor, asalé saka Bogor lan migunakaké oncom
  • Laksa Batawi, meh mèmper karo Laksa Bogor nanging duduh Laksa Batawi migunakaké urang rebon.
  • Laksa Palembang, bahane padha karo burgo, ing laksa wujudé kaya mi. Padha karo duduh burgo, laksa uga dipangan bareng duduh santen, nanging kang mbedakake duduhe nganggo kunir lan dicampur karo bumbu liyané.
  • Laksa Banjar, migunakaké iwak gabus minangka salah siji bahan-bahane.

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.