La Brabançonne
From Wikipedia, the free encyclopedia
La Brabançonne ('Lagu saka Brabant') iku lagu kabangsané Bèlgi. Lagu iki nduwé vèrsi resmi ing telung basa Bèlgi, ya iku basa Walanda, Prancis lan Jerman. Lagu iki ditulis ing basa Prancis nalika ing taun 1830, manawa Bèlgi lagi perang kamardikan nglawan Walanda. Sing nulis lagu iki Alexandre Dechet lan musiké digubah déning François Van Campenhout. Saka lagu iki dijupuk pada kaping papat sing dienggo dadi lagu kabangsané Bèlgi.