Lènsa mata
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lènsa mata iku struktur sing transparan sajeroning mata bebarengan karo kornéa sing mbantu mbiasaké cahya supaya fokus tumuju menyang retina. Lènsa mata, kanthi ngowahi wanguné, duwé fungsi ngowahi jarak fokus mata saéngga bisa fokus marang obyèk saka let sing béda-béda, lan minangka gambar obyèk sing cetha ing retina. Owah-owahan wangun lènsa iki diarani akomodasi lènsa.