Kulawarga basa Indo-Éropa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basawangsa Barata Éropa (Ind: rumpun bahasa Indo-Eropa) iku basawangsa sing gedhé dhéwé ing donya ditilik saka gunggung penuturé. Kurang luwih separuh saka 6 milyar wong sing ndunungi bumi duwé sawiji basa Barata Éropa minangka basa ibu. Basawangsa iki karan Barata Éropa amarga penuturé asli asal saka laladan Barata (Ind: India) lan Éropa (Ind: Eropa).
Barata Éropa | |
---|---|
Pasebaran | Sadurungé abad kaping 15: Éropa, Asia Kidul, Asia Tengah, lan Asia Kidulkulon. Saiki ing saindhenging donya. |
Pepanthaning basa | Salah sawiji basawangsa utama donya. |
Turun |
|
ISO 639-2 / 5 | ine |
Basa-basa Barata Éropa nyakup wolung subrumpun ya iku: Barata-Iran (Ind: Indo-Iran); Armeniyah; Ellas (Ind: Yunani), Albania; Italiwangsa (Italik) Keltiwangsa (Keltik); Jermanwangsa (Jermanik); lan BaltiSlawuswangsa (Balto-Slavik).
Saka 20 basa masa saiki sing gedhé dhéwé miturut gunggung penuturé, miturut SIL Ethnologue 12 ing antarané ya iku basa Barata Éropa: basa Spanyol, Inggris, Hindi, Portugis, Bengali, Rusiyah, Jerman, Marathi, Prancis, Itali, Punjabi lan Urdu. Ke-12 basa iki nyakup punjul 1,6 milyar penutur ibu.
Basawangsa iki kanggo sepisanan tinemu déning Sir William Jones.