Kucing Pèrsia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kucing Persia inggih punika jinising kucing domèstik ingkang gadhahi wulu dawa kaliyan gadhahi karakter pasuryan bunder ugi moncong cendhak. Jeneng kasebut nuduhaken Persia, jeneng lawasipun inggih punika Iran, dipunpundi kucing punika padha ditemokaken. Wiwit pungkasan abad kaping 19, kucing jinis niki dipunrembakaaken wonten ing Inggris ugi Amerika Serikat sesampunipun Perang Donya II. Wonten ing Inggris, jinis kucing niki limrahipun dipunsebat kucing wulu dawa persia, kaperang dados kalih jinis, inggih punika chinchillas kanthi werna salaka ingkang padhang lan werna radi peteng.
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Kados ta kaliyan jinis Siam, sampun wonten krènah dening tiyang ingkang angon-angon kangge nglestantunaken jinis kucing ingkang luwih sepuh, jinis tradisional, ingkang gadhahi moncong luwih cetha, ingkang limrahipun akrab kaliyan masyarakat umum.
Peranakan selèktif ingkang dipuntindakaken dening tiyang ingkang angon-angon sampun ambiyantu ngrembakaken manéka werna wulu, ananging ugi nyebabaken dataripun pasuryan, ingkang saged bekta prakawis kasehatan. Penyakit ginjel polivistik ingkang asring dipunalami dening kucing jinis niki, ingkang nyebabaken setengah saking populasi wonten ing pinten-pinten nagari.