Kuba
From Wikipedia, the free encyclopedia
Républik Kuba dumadi saka Pulo Kuba (pulo gedhé dhéwé ing Kapuloan Antilles Gedhé), Pulo Pemuda lan sawatara pulo cilik ing saubengé. Jeneng "Kuba" kabaré asal saka tembung sajeroning basa Taíno, cubanacán, kang tegesé 'panggonan kang sentral'.
República de Cuba | |
---|---|
Gendéra | |
Motto: Patria y Libertad (Spanyol: "Tanah air dan Kemerdekaan") | |
Gunagita: La Bayamesa | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Havana |
Jawatbasa | Spanyol |
Papréntahan | Nagara kuminis |
Kemerdekaan | |
• Banyu (%) | dapat dihiraukan |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 11.217.1000 (70) |
• Cacahjiwa 2002 | 11.177.743 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$33,92 miliar (88) |
• Saben wong | US$3.000 (126) |
Artacihna | Peso (CUP ),Peso convertible 1 (CUC) |
Laladan wektu | UTC-5 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC-4 |
Kodhé bèl | 53 |
TLD internèt | .cu |
1. Sebelum diganti dengan peso convertible, Dolar AS digunakan bersama peso sejak 1993 hingga 2004. |
Nagara iki dumunung ana ing Karibia Lor, ana ing partemon Sagara Karibia, Lempongan Meksiko lan Samodra Atlantik. Ing sisih wétan-lor Kuba-udakara 144 km-dumunung Praja Florida, Amérika Sarékat, lan Bahama. Ing sisih wétane dumunung Kapuloan Turks lan Caicos sarta Haiti, sawatara ing sisih kulon dumunung nagara Meksiko. Kapuloan Cayman lan Jamaika ana ing sisih kidul saka pucuk wétané Kuba. Yèn dibandingaké karo Indonésia, jembaré Kuba kira-kira luwih cilik tinimbang jembaré Pulo Jawa.
Kuba minangka nagara penghasil gula gedhé dhéwé ing donya sawisé Brasil. Sanajan gula minangka kasil utama ya iku 85% saka ekspor Kuba, nanging sing ndunungi dhéwé isih dadi konsumèn gula gedhé dhéwé sawisè Costa Rica.