Gim Olympiadé
From Wikipedia, the free encyclopedia
Olympiade utawa olimpiade (basa Prancis: les Jeux olympiques, JO tegesé "kridha olimpiade")[1], ya iku acara ulah raga internasional petang tahunan sing nandingaké cabang-cabang ulah raga mangsa katiga lan mangsa rendeng lan dimèloni déning éwonan atlet sing padha saingan ing warna-warna tetandhingan ulah raga. Gim Olympiadé ya iku kompetisi ulah raga gedhé dhéwé lan kaloka ing donya, kanthi punjul 200 nagara sing padha mèloni.
Awalé, Olympiade mung lumaku ing Yunani kuna nganti wusanané ing taun 393 M Gim Olympiadé kuna iki dimandekaké déning Kaisar Romawi, Theodosius. Gim Olympiadé salanjuté diuripne manèh déning salah sijining bangsawan Prancis jenengé Pierre Frèdy Baron de Coubertin ing taun 1896. Ing kongres taun 1894 sing diselenggaraké ing Paris, digawé Komite Gim Olympiadé Internasional (IOC) lan kutha krajan Yunani, Athena dipilih dadi tuan rumah Gim Olympiadé modhèren sing kapisan taun 1896. Salanjuté, saka taun 1896 tekan saiki, saben petang taun pisan Gim Olympiadé Mangsa Ketiga terus dienekane kajaba taun-taun ing jaman Perang Donya II. Edisi mirunggan kanggo ulah raga mangsa rendeng; Gim Olympiadé Mangsa Rendeng, lekas diènekaké ing taun 1924. Awalé Gim Olympiadé Mangsa Rendeng dienekake ing taun sing padha karo Gim Olympiadé Mangsa Ketiga, nanging saka taun 1994 Gim Olympiadé Mangsa Rendeng diènèkaké saben petang taun pisan, karo kaletan wektu rong taun saka Panitia Gim Olympiadé Mangsa Ketiga [2].
Evolusi sing digandrungi déning IOC sing suwéné saka abad 20 tekan 21 wis ndadèkaké pirang-pirang éwah-éwahan ing panyelenggaran Gim Olympiadé. Sak propirané kanggo njumbuhaké dilakokaké, kalebu uga panggawénan Gim Olympiadé Mangsa Rendeng kanggo ulah raga es lan salju, Paralimpiade kanggo atlet sing nduwé cacat fisik lan Gim Olympiadé Remaja kanggo para atlet rumaja. Ing perkembangané, Gim Olympiadé wés ngadepi warna-warna tantangan, kayadené padha mboikot, migunakaké obat-obatan, suap lan terorisme. Gim Olympiadé uga dadi kesempatan gedhé kutha lan nagara tuan rumah kanggo ngenalaké awaké dhéwé ing donya.
Ing Indonésia, Gim Olympiadé sing kerep kaloka lan ajeg dimèloni ya iku Gim Olympiadé Mangsa Panas. Indonésia dhéwé sing kepisan mèloni ya iku Gim Olympiadé Helsinki 1952 ing Finlan, lan ora tau mbolos mèloni Gim Olympiadé ing taun-taun salanjuté kajaba ing taun 1964 lan 1980.[2].
Sukan Olimpik Musim Panas | Sukan Olimpik Musim Sejuk | ||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Tahun | Olimpiad ke- | Bandar Tuan Rumah | Negara | № | Bandar Tuan Rumah | Negara | |
1896 | I | Athens (1) | Yunani (1) | ||||
1900 | II | Paris (1) | Perancis (1) | ||||
1904 | III | St. Louis, Missouri(1) (1) | Amerika Syarikat (1) | ||||
1906 | Intercalated | Athens | Yunani | ||||
1908 | IV | London (1) | United Kingdom (1) | ||||
1912 | V | Stockholm (1) | Sweden (1) | ||||
1916 | VI (2) | Berlin | Empayar Jerman | ||||
1920 | VII | Antwerp (1) | Belgium (1) | ||||
1924 | VIII | Paris (2) | Perancis (2) | I | Chamonix (1) | Perancis (1) | |
1928 | IX | Amsterdam (1) | Belanda (1) | II | St Moritz (1) | Switzerland (1) | |
1932 | X | Los Angeles, California(1) | Amerika Syarikat (2) | III | Lake Placid, New York (1) | Amerika Syarikat (1) | |
1936 | XI | Berlin (1) | Jerman (1) | IV | Garmisch-Partenkirchen (1) | Jerman (1) | |
1940 | XII (3) | Tokyo→Helsinki | Jepun→
Finland |
V (2) | Sapporo→St Moritz→Garmisch-Partenkirchen | Jepun→
Switzerland→ Jerman | |
1944 | XIII (3) | London | United Kingdom | V (3) | Cortina d'Ampezzo | Itali | |
1948 | XIV | London (2) | United Kingdom (2) | V | St Moritz (2) | Switzerland (2) | |
1952 | XV | Helsinki (1) | Finland (1) | VI | Oslo (1) | Norway (1) | |
1956 | XVI | Melbourne (1) +
Stockholm (2)(4) |
Australia (1) +
Sweden (2) |
VII | Cortina d'Ampezzo (1) | Itali (1) | |
1960 | XVII | Rome (1) | Itali (1) | VIII | Squaw Valley, California (1) | Amerika Syarikat (2) | |
1964 | XVIII | Tokyo (1) | Jepun (1) | IX | Innsbruck (1) | Austria (1) | |
1968 | XIX | Mexico City (1) | Mexico (1) | X | Grenoble (1) | Perancis (2) | |
1972 | XX | Munich (1) | Jerman Barat (2) | XI | Sapporo (1) | Jepun (1) | |
1976 | XXI | Montreal, Quebec (1) | Kanada (1) | XII | Innsbruck (2) | Austria (2) | |
1980 | XXII | Moscow (1) | Kesatuan Soviet (1) | XIII | Lake Placid, New York (2) | Amerika Syarikat (3) | |
1984 | XXIII | Los Angeles, California (2) | Amerika Syarikat (3) | XIV | Sarajevo (1) | Yugoslavia (1) | |
1988 | XXIV | Seoul (1) | Korea Selatan (1) | XV | Calgary, Alberta (1) | Kanada (1) | |
1992 | XXV | Barcelona (1) | Sepanyol (1) | XVI | Albertville (1) | Perancis (3) | |
1994 | XVII | Lillehammer (1) | Norway (2) | ||||
1996 | XXVI | Atlanta, Georgia (1) | Amerika Syarikat (4) | ||||
1998 | XVIII | Nagano (1) | Jepun (2) | ||||
2000 | XXVII | Sydney (1) | Australia (2) | ||||
2002 | XIX | Salt Lake City, Utah (1) | Amerika Syarikat (4) | ||||
2004 | XXVIII | Athens (2) | Yunani (2) | ||||
2006 | XX | Turin (Torino) (1) | Itali (2) | ||||
2008 | XXIX | Beijing (1) (5) | China (1) | ||||
2010 | XXI | Vancouver, British Columbia (1) | Kanada (2) | ||||
2012 | XXX | London (3) | United Kingdom (3) | ||||
2014 | XXII | Sochi (1) | Rusia (1) | ||||
2016 | XXXI | Rio de Janeiro (1) | Brazil (1) | ||||
2018 | XXIII | Pyeongchang (1) | Korea Selatan (1) | ||||
2021(6) | XXXII | Tokyo (2) | Jepun (2) | ||||
2022 | XXIV | Beijing (2) | China (2) |