Krajan Inka
From Wikipedia, the free encyclopedia
Krajan Inka iku Krajan kang dumunung ing wewengkon kang saiki Peru wiwit taun 1438 nganti 1533. Inka sinebut peradaban "pra-Columbus, tegesé wis ana wiwit jaman sadurungé tekané Christopher Columbus. Sajeroning periode mau, Inka nguwasani sapérangan gedhé wewengkon Amérika Kidul pérangan kulon kang pusaté ing pagunungan Andes nganti 1533, wektu bangsa Spanyol nyerbu nagari iku. Atahualpa kang dadi raja Inka pungkasan, karan uga kanthi istilah Sapa Inca, tiwas kaprejaya déning panjelajah Spanyol kang jenengé Francisco Pizarro, kang uga nandhani wiwitan mangsa kuwasané Spanyol ing tlatah mau.
Krajan Inka | ||||||||||||
Tawantinsuyu | ||||||||||||
| ||||||||||||
Krajan Inka kang amba (sek. 1525) | ||||||||||||
Krajan Inka wiwit kanti pungkasan | ||||||||||||
Kutha krajan | Cusco | |||||||||||
Pamaréntahan | monarki absolut | |||||||||||
Sapa Inka | ||||||||||||
• | 1438-1471 | Pachacuti | ||||||||||
• | 1471-1493 | Túpac Inca Yupanqui | ||||||||||
• | 1493-1527 | Huayna Capac | ||||||||||
• | 1527 | Ninan Cuyochi | ||||||||||
• | 1527-1532 | Huáscar | ||||||||||
• | 1532-1533 | Atahualpa | ||||||||||
Sajarah | ||||||||||||
• | Established | 1438 | ||||||||||
• | Paprangan Cajamarca | 16 November 1532 | ||||||||||
• | Dijajahi Spanyol | 1533 | ||||||||||
| ||||||||||||
Saiki dadi péranganing | Peru | |||||||||||
Warning: Value specified for "continent" does not comply |
Krajan Inka dumadi saka papat suyu. Basa resmi Krajan ya iku basa Quechua, sanadyan ana watara 700 basa lokal kang dipigunakaké. Suku Inka ngayahi pamujan marang déwa-déwa, kanthi Inti minangka déwa srengéngé kang dadi déwa utama.
Kutha krajané dumunung ana ing Cuzco, utawa Qosqo, ing kidul Peru.