Konjaku Monogatarishū
From Wikipedia, the free encyclopedia
Konjaku Monogatarishū (今昔物語集, Konjaku Monogatarishū? Kempalan cariyos kala rumiyin) utawi Konjaku Monogatari inggih punika kempalan cariyos ingkang kinten-kinten kapungkasan dipunserat wonten ing Jepang ing pungkasan jaman Heian. Irah-irahan buku asalipun saking ukara pambuka cariyos ingkang kathahipun kawiwitankanthi tembung "Konjaku" dipunwaos "Ima wa mukashi" (今昔, 今ハ昔, "Konjaku" dipunwaos "Ima wa mukashi"? ing masa lampau). Saderengipun abad kaping 19, irah-irahan buku punika boten dipunwaos minangka Konjaku Monogatari, nanging Imawamukashi no Monogatari.
Isinipun langkung saking sewu irah-irahan cariyos saking tigang nagara, India, Tiongkok, lan Jepang. Sedaya wonten 31 volume ingkang boten jangkep amargi volume 8, 18, lan 21 boten wonten. Miturut prakiraan, volume ingkang boten wonten punika boten amargi ical utawi risak sasampunipun kaserat, nanging amargi dèrèng rampung dipunserat. Kajawi punika, wonten ukara lan tembung ing buku punika ingkang boten jangkep. Penganggit jaman modern asring mendhet idé cariyos saking Konjaku Monogatari. Ing antawisipun Ryūnosuke Akutagawa kaliyan carita cekak Rashomon lan Hana (Hidung).