Konflik Israèl-Palèstina
From Wikipedia, the free encyclopedia
Konflik Israèl-Palestina, minangka péranganing konflik Arab-Israèl, iku konflik kang turun-tumurun antara bangsa Israèl lan bangsa Palestina.
Konflik Israèl-Palestina iki dudusawijining konflik kang prasaja, kaya-kaya dianggep kabèh bangsa Israèl (utawa malah kabèh wong Yahudi kabangsaan Israèl) duwé siji pandulu kang padha, samono uga kabèh bangsa Palestina. Ing kaloro komunitas mau pancèn ana wong-wong lan golongan-golongan kang nganjuraké panyingkiran teritorial total saka komunitas liyané, nanging ana uga sapérangan kang nganjuraké solusi rong nagara, lan sapérangan manèh nganjuraké solusi rong bangsa kanthi siji nagara sekular kang nyakup wewengkon Israèl mangsa saiki, Lurung Gaza, Gisik Kulon, lan Yerusalem Wétan.
Wiwit Pasetujon Oslo, Pamaréntah Israèl lan Otoritas Nasional Palestina kanthi resmi wis duwé tékad kanggo milih solusi rong nagara. Masalah-masalah utama kang isih ngganjel ya iku:
- Status lan mangsa ngarep Gisik Kulon, Lurung Gaza, lan Yerusalem Wétan kang nyakup wewengkon-wewengkon saka Nagara Palestina kang diusulaké.
- Kaamanan Israèl.
- Kaamanan Palestina.
- Hakikat mangsa ngarep nagara Palestina.
- Nasib para pangungsi Palestina.
- Kawicaksanan-kawicaksanan pamukiman pamaréntah Israèl, lan nasib kang ndunungi pamukiman iku.
- Kadhaulatan tumrap panggonan-panggonan suci ing Yerusalem, kalebu Bukit Bait Suci lan kompleks Tembok Nangis Kulon (Wailing wall).
Masalah pangungsi muncul minangka akibat saka perang Arab-Israèl 1948. Masalah Gisik Kulon, Lurung Gaza, lan Yerusalem Wétan muncul minangka akibat saka Perang Enem Dina taun 1967.