Pandom utawa padhom (Inggris: compass) iku piranti navigasi kanggo nemtokaké arah, wujud siji panah penunjuk magnetis sing bébas nyelarasaké marang médhan magnit bumi kanthi akurat. Padhom mènèhi rujukan arah tinamtu, saéngga mbantu sajeroning babagan navigasi. Arah mata angin sing dituduhaké yaiku arah lor, kidul, wétan, lan kulon. Yèn dipigunakaké bebarengan karo jam lan sèkstan, padhom bakal luwih akurat sajeroning nuduhaké arah. Piranti iki mbantu perkembangan dedagangan maritim kanthi agawé lelungan adoh dadi luwih aman lan èfisièn dibandhingaké karo nalika manungsa isih nganggo pituduh lintang kanggo meruhi arah.

Thumb
Padhom

Ing ngisor iki arah mata angin sing bisa dituduhaké déning padhom.

  • Lor ( utara / north dicekak U utawa N)
  • Kulon (barat / west dicekak B utawa W)
  • Wétan (timur / east dicekak T utawa E)
  • Kidul (dicekak S)
  • Lor-kulon (antara kulon lan lor, dicekak NW)
  • Lor-wétan (antara wétan lan lor, dicekak NE)
  • Kidul-kulon (antara kulon lan kidul, dicekak SW)
  • Kidul-wétan (antara wétan lan kidul, dicekak SE)

Jinis kompas

Kompas dibédakan dadi rong jinis, yaiku kompas analog lan kompas digital.


Cithakan:Tèknologi-stub

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.