![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cf/Prince_Hanzoku_terrorised_by_a_nine-_tailed_fox.jpg/640px-Prince_Hanzoku_terrorised_by_a_nine-_tailed_fox.jpg&w=640&q=50)
Kitsune
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kitsune (狐, Kitsune?)( pengucapan) (pitulung·info) inggih punika sebatan kanggé kéwan rubah ing basa Jepang. ing carita rakyat Jepang, rubah asring dipuntontonaken ing pinten-pinten carita dados makluk wasis kaliyan kabetahan sihiripun ingkang sangsaya sampurna sejalan kaliyan sangsaya wicaksana lan sangsaya tuwa rubah mau. sanèsipun punika, rubah kauwal wujud dados manungsa. Ing legenda, rubah asring dipuncariyosaken dados penjaga ingkang setya, kanca, kekasih, utawi istri, nanging asring wonten kisah rubah nipu manungsa.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cf/Prince_Hanzoku_terrorised_by_a_nine-_tailed_fox.jpg/640px-Prince_Hanzoku_terrorised_by_a_nine-_tailed_fox.jpg)
Ing jaman Jepang kina, rubah lan manungsa gesang saling cerak pramila legenda babagan kitsune muncul saking persahabatan antawis manungsa lan rubah. ing kapercayan Shinto, kitsune dipunsebat Inari ingkang gadhah tugas dados pembawa pesen saking Kami. Punika kathah buntut ingkang gadhah kitsune (kitsune saged gadhah ngantos 9 buntut), mila manawi tuwa, wicaksana, lan sangsaya kiat ugi kitsune mau. Dados tiyang maringi persembahan kanggé kitsune amargi dipunanggep gadhah kakuwatan gaib.