King's College London
From Wikipedia, the free encyclopedia
King's College London iku pawiyatan luhur sing ana ing kutha London Inggris lan dadi salah siji universitas sing paling tuwa nomer 4 ing negara Inggris. Pawiyatan iki diadhegaké taun 1829 déning raja Inggris sing jenengé George IV lan para anggota geréja kutha London. nalika diwiwiti taun 1829 King's College London iku manggon ana ing geréja, banjur ing taun 1836 déning raja George IV di gawékaké bangunan déwé ing dalan gover kutha London.[4]
King's College London | |
---|---|
Barkas:King's College London crest.png | |
Coat of arms | |
Jeneng latin | Collegium Regale Londiniense[1] |
Diadegaké | 1829 [2] |
Jenis | Public research university |
Motto | Latin: Sancte et Sapienter |
Dana abadi | £233.5 yuta (ing tanggal 31 Juli 2018)[3] |
Konselor | The Princess Royal (as Chancellor of the University of London) |
Kepala | Ed Byrne |
Dékan | Richard Burridge |
Chairman of the Council | Lord Geidt |
Kampus | Urban |
Lokasi | London, Inggris |
Visitor | Justin Welby (as Archbishop of Canterbury ex officio) |
Maskot | Reggie the Lion |
Afiliasi | ACU EUA Francis Crick Institute Golden triangle Guild of European Research-Intensive Universities iCUBE King's Health Partners LSGL MedCity PLuS Alliance RADA Russell Group SES Thomas Young Centre UNICA University of London Universities UK |
Situs web | kcl |
Ing taun 2019 iki King's College London dadi universitas nomer 33 sing paling misuwur ing saindenging donya[5], amarga kwalitas pawiyatan lan guru-guru utawa dhosèn sing ngulang ing universitas King's College pinter lan akèh penelitian sing kawentar. Keitung wis ana 12 profesor saka King's College sing diwènèhi hadiah Nobel ing maneka werna babagan.[6]
King duwèni gedung pawiyatan iku ana 5 yaiku: Kampus Strand sing bersejarah ing tengah Kutha London, telung kampus sisihé kali Thames (Guy's, St Thomas lan Waterloo) lan siji ing Dhènemarken Hill ing sisih kidul kutha London. Ing taun 2018/201919, King`s College London ndarbèni penghasilan total $ 902,0 yuta, yaiku £ 194.7 yuta saka geran riset lan kontrak.Amarga Iku King`s College London minangka Universitas nomer 12 paling gedhe ing Inggris kanthi total pendhaptarn lan penghasilan nomer papat sing paling gedhe ing Inggris, lan paling gedhe ing London. Kagiyatan akademik diatur dadi sangang fakultas, sing dipérang dadi pirang-pirang departemen, pusat, lan bagean riset.[7]
Minangka anggota organisasi akademisi kalebu Asosiasi Universitas Commonwealth, Paguyuban Universitas Eropa, lan Grup Russell. King`s College London minangka papan kanggo enem pusat Dewan Penelitian Kedokteran lan minangka anggota pendiri pusat ilmu kesehatan akademik King's Health Partners, Francis Crick Institute lan MedCity. Pusat penelitian iki dadi pusat Eropa paling gedhe kanggo piwulang medis lulusan lan siswa lulusan lan riset biomedis, kanthi jumlah siswa, lan kalebu sekolah perawatan pertama ing jagad, Fakultas Perawat dan Bidang Perawatan Florence Nightingale.[8]