Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889  pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun[1]; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.

Sunyata Rikat Mantri Pendhidhikan Nasional Républik Indonésia 1, Présidhèn ...
Ki Hajar Dewantara
Thumb
Ki Hajar Dewantara
Mantri Pendhidhikan Nasional Républik Indonésia 1
Linggih
2 September 1945  14 November 1945
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéOra ana, kalungguhan anyar
Kang sawiséTodung Sutan Gunung Mulia
Rerincèn dhiri
Lair(1889-05-02)2 Mèi 1889
Nèderlan Yogyakarta, mangsa Hindia Nèderlan
Pati26 April 1959(1959-04-26) (umur 69)
Indhonésia Yogyakarta, Indonésia
AgamaIslam
Tutup

Lair kanthi jeneng Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.

Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindhia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.

Ki Hajar Dewantara séda tanggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.[2]

Uga delengen

Réferènsi

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.