Khuntulan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Khuntulan menika salah satunggiling kesenian tradhisional masarakat Yogyakarta, mliginipun ing tlatah Sléman. Khuntulan menika sacara harafiah ateges manuk kuntul (kados bangau pethak nanging buntutipun pèndèk lan saged lumayu rikat sanget). Kesenian menika dipunnamani manuk kuntul amargi para beksanipun ngagem rasukan pethak kados manuk kuntul utawi bangau pethak.
Khuntulan menika dipungelar minangka caos sokur dhateng Gusti Allah ingkang Maha Wisesa. Khuntulan menika ugi nyaosaken pepujen dhateng Gusti Pangéran, menika ngemutaken bilih sedaya masarakat kedah langkung celak kaliyan Gusti ingkang kagungan gesang. Khuntulan dados kesenian ingkang raket sanget kaliyan masarakat mila kesenian menika tansah dipunleksanakaken ing salir padatan.