Karajan Medhang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Krajan Medhang (Carakan: ꦏꦝꦠ꧀ꦮꦤ꧀ꦅꦩ꧀ꦝꦁ) iki terusané saka karajan Mataram Kuna sing pindah ing Jawa Wétan. Lumrahé para ahli sajarah isih nyebut kanthi "Mataram Kuna jaman Jawa Wétan" utawa "Mataram Kuna jaman Tawlang-Kahuripan" Karajan iki dipréntah déning wangsa Isyana sing dibangun déning Mpu Sindhok taun 929 M. Nalika jumeneng nata, Sindhok mindahake ibukutha Praja menyang Jawa Wétan amarga:
- Gunung Merapi kerep njeblug.
- Mataram kerep dilurugi dening Sriwijaya. Praja Mataram ing Jawa Wetan iki asring sinebut Praja Medhang/Krajan Medhang. Mpu Sindhok minangka panguwasa anyar ing Jawa Wetan lan ngadegake Wangsa Isana.