Kembang mentéga
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kembang mentéga (Nerium oleander Linn.) ya iku tetuwuhan perdu kang kalebu kulawarga Aponynaceae. Dhuwuré kembang iki 2-5 mèter. Godhongé awujud garis lansét kanthi dawa 7-20 cm lan ambané 1-3 cm. Godhong sing ndhuwur wernané ijo enom lan godhong sing ngisor wernané ijo tuwa lan rada kandel. Kembang mentéga wernané jambon nanging ana uga sing putih. Kembang majemuk kang wujudé kaya déné payung duwé benang sari warna kuning. Dhasaring makutha werna wungu kanthi dhiamèter 3-4 cm lan dawané 5 cm. Kembang mentéga ngasilaké woh polong kang akeh wijiné. Wiji iki atos tur kaku wernané ijo tuwa.[1]