Karajan Yehuda
From Wikipedia, the free encyclopedia
Karajan Yehuda (Cithakan:Asma Ibrani) gésang ing kalih kalamangsa ing sajarah Yahudi. Miturut Alkitab Ibrani, kraton tuwuh ing Yehuda saksampuné pejah Saul, ing suku Yehuda ngangkat Daud, ingkang asalipun saking Suku Yehuda, kanggé merintah wewengkon kasébut. Saksampune pitung taun Daud dados ratu Karajan Israèl sarékat. Ing mangsa-mangsa punika, Yerusalem dados kutha krajan saking kraton sarékat. (2 Samuel 5:6-7) Nanging, ing sawatawis 930 SM, kraton sarékat terpecah, kaliyan sédasa kaliyan kalih wélas suku Israèl nolak cucu Daud Rehabeam dados ratu mereka. Karajan Yehuda ingkang énggal tuwuh dados salah satunggaling papréntahan, lan papréntahan sanèsipun ingkang dipuntepang kaliyan Karajan Israèl, utawi Israèl. Karajan Yehuda punika asring dipunsébat minangka Karajan Selatan, nanging Karajan Israèl amargi perpecahan mau dipunsébat Karajan Utara. Yehuda ngantos taunan 586 SM, ing kraton mau dipunserbu déning Kamaharajan Babilonia ing ngandap Nebuzaradan, kepala prajurit pengawal Nebukadnezar. (2 Raja-ratu Raja-ratu&c=25#8 25:8-21) kaliyan pengasingan penduduk lan penghancuran Kuil lan Yerusalem, penghacuran kraton sampun purna. Dinasti Daud dipunwiwiti ing suku Yehuda ngangkat Daud minangka ratu sasampunipun pejah Saul. Garis Daud kalajengan piyambakipun dados ratu Karajan Israèl sarékat. Ing kraton sarékat terpecah, suku Yehuda lan Benyamin ajeg ndhèrèk garis Daud, ingkang merintah ngantos kraton dipunhancuraken ing taun 586 SM. Manawi makaten, garis Daud ajeg dipunhormati déning para buangan ing Babilonia, ingkang nghormati Rosh Galut dados ratu ing pembuangan.