Kampung iku pamérangan wewengkon administratif ing Provinsi Papua, Indonésia ing sangisoré dhistrik. Istilah "Kampung" nggantèkaké "désa", sing sadurungé digunakaké ing Papua, kaya déné ing provinsi-provinsi liya ing Indonésia. Panetepan iki sarujuk karo Undhang-undhang Nomer 21 Taun 2001 bab Otonomi Khusus kanggo Provinsi Papua.
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Katerangan liyané Pamérangan administratif Indonésia, Pancasila ...
Artikel iki ngenani kampung ing Papua. Kanggo pangertèn liya, pirsani kampung
Kampung minangka kasatuan masarakat hukum sing duwé wates-wates wewengkon sing duwé wewenang ngatur lan ngurus kapentingan masarakat ing papan mau, miturut asal-usul lan adat istiadat sing diakoni lan dikurmati sajeroning sistem Papréntahan Nagara Kesatuan Républik Indonésia.
Kampung dudu bawahan kacamatan, amarga kacamatan minangka péranganing perangkat laladan kabupatèn/kutha, lan Kampung dudu péranganing perangkat laladan.