Kamentrian Riset lan Teknologi Republik Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kementerian Riset lan Teknologi, dicekak Kemristek, iku kamentrian sajeroning Pamaréntah Indonésia kang mbidhangi urusan ngèlmu kawruh lan teknologi. Kemristek dibawahi Mantri Nagara Riset lan Teknologi (Menegristek) kang wiwit tanggal 21 Oktober 2004 diwengku déning Dr. Kusmayanto Kadiman, lan wiwit 22 Oktober 2009 sajeroning Kabinèt Indonésia Bersatu II diwengku déning: Suharna Surapranata.