Kaliamba, iku salah sawijining désa / kalurahan ing Kacamatan Sulang, Kabupatèn Rembang, Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Désa Kaliombo minangka désa ingkang paling ageng lan paling padat pendudukipun ing kacamatan Sulang. Désa punika kapérang dados tiga, inggih punika: (1) Kaliombo Wétan, (2) Kaliombo Ler, (3) Kaliombo Kilen. Saking salah satunggaling wewengkon désa kaliombo kala wau, ingkang paling wiyar wewengkonipun inggih punika Kaliombo Wétan. Ing ngriki badhé dipunyasa embung kanggé irigasi pasawahan warga. rencana punika sampun wonten wiwit taun 2008, nanging ngantos sapunika dèrèng kalakon amargi wonten kendala ingkang dadosaken proyek punika dèrèng saged dipunlajengaken. kendala punika wujud kirangipun dana kanggé pambebasan utawi nebus tanahipun warga. saleresipun ngantos punika ingkang sampun kabangun namung margi kanggé tumuju wonten ing embung punika.[1] Warga masarakat kaliombo kapingin proyek embung punika énggal-énggal dipunrealisasekaken, amargi kanggé masayarakat Kaliombo ingkang pendudukipun mayoritas wong tani wanti-wanti sanged kawontenanipun toya kanggé irigasi. luwih-luwih ing magsa katiga, pasawahan warga padha garing ora bisa ditanemi apa-apa. manawi dipunbandingaken kaliyan laladan-laladan sanès, laladan Kaliombo ingkang paling ngawatiraken panghasilanipun. pramila saking punika warga Kaliombo wanti-wanti realisasinipun kawontenanipun embung punika.[1] kalajengan pambangunan embung punika ngentosi sertifikasi kalayakan saking Komisi Keamanan Bendung (KKB) ing Jakarta lan ugi ngentosi anggaran APBN. Uji kalayakan ngasilaken sertifikat. sawatara nganti sapunika sertifikasi kala wau dèrèng jelas kepastianipun, pramila pembangunan Embung Kaliombo punika dipuntunda rumiyin. faktor sanès ingkang dados asebab dipuntunda proyek pambangunan embung inggih punika anggaran pembangunan embung saking APBN, nembé dipunanggaraken taun 2012. pramila Pemkab Rembang ugi nembé badhé nganggaraken pambebasan lahan ing taun 2012.[1].

Sunyata Rikat Nagara, Provinsi ...
Tutup

Cathetan suku

Uga delengen

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.