![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/a/ab/2011_Wimbledon_Championships_poster.jpg/640px-2011_Wimbledon_Championships_poster.jpg&w=640&q=50)
Kajuwaran Wimbledon 2011
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kajuwaraan Wimbledon 2011 iku kajuwaran sing dianakaké ing tanggal 20 Juni nganti 3 Juli 2011 ing Wimbledon, London, Inggris. Turnamèn campuran iki bakal dadi Grand Slam katelu sadawaning taun lan dimainaké ing lapangan suket kabuka, nandhingaké 14 kategori, kalebu kategori para legendha. Turnamèn iki ngancik edisi angka 125 minangka péranganing Grand Slam sing uga minangka péranganing ATP World Tour mangsa 2011, Sony Ericsson WTA Tour mangsa 2011, ITF Tour 2011, lan NEC Tour 2011. Kompetisi iki dianakaké déning All England Lawn Tennis Club lan Federasi Tenis Internasional.
Kajuwaran Wimbledon 2011 | ||||
---|---|---|---|---|
![]() | ||||
Tanggal: | 20 Juni – 3 Juli | |||
Edisi: | angka 125 | |||
Kategori: | Grand Slam (ITF) | |||
Lokasi: | SW19, Wimbledon, London, Inggris, Karajan Manunggal | |||
Juara | ||||
Tunggal Putra | ||||
![]() | ||||
Tunggal Putri | ||||
![]() | ||||
Ganda Putra | ||||
![]() ![]() | ||||
Ganda Putri | ||||
![]() ![]() | ||||
Ganda Campuran | ||||
![]() ![]() | ||||
Tunggal Remaja Putra | ||||
![]() | ||||
Tunggal Remaja Putri | ||||
![]() | ||||
Ganda Remaja Putra | ||||
![]() ![]() | ||||
Ganda Remaja Putri | ||||
![]() ![]() | ||||
' | ||||
![]() ![]() | ||||
' | ||||
![]() ![]() | ||||
' | ||||
![]() ![]() | ||||
Ganda kursi roda putra | ||||
![]() ![]() | ||||
Ganda kursi roda putri | ||||
![]() ![]() | ||||
Kajuwaran Wimbledon
|
Ing kategori utama, Novak Djokovic lan Petra Kvitová dadi juwara kategori tunggal putra lan putri, kanggo kang sepisanan. Amarga ngancik babak final, Djokovic uga ngukuhaké dhiri minangka petenis nomer siji donya ing sadhuwuring Rafael Nadal. Déné Kvitová minangka juru main asal Republik Ceko pisanan sing dadi juwara sawisé Jana Novotná. Ing kategori gandha, Bryan bersaudara dadi juwara kanggo sing kapindho, lan madhani rékor 11 set sing dicathet déning the Woodies, Mark Woodforde lan Todd Woodbridge. Ing gandha putri, Katarina Srebotnik menangaké gelar Grand Slam kanggo sing sepisanan sawisé kaping papat dadi finalis, bebarengan karo Květa Peschke. Peschke uga nembé menangaké Grand Slam sing sepisanan. Ing gandha campuran, Jürgen Melzer menangaké gelar Grand Slam kaloro, lan sepisanan ing kategori gandha campuran, pasangan karo Iveta Benešová sing ngraih gelar Grand Slam sepisanan.
Ing kategori junior, kabèh juwara tunggal diraih peserta asal Australia. Luke Saville dadi juwara kategori putra, déné Ashleigh Barty dadi juwara kategori putri, lan dadi petenis Australia pisanan sing dadi juwara tunggal remaja putri wiwit 31 taun terakhir. Ing kategori gandha, petenis tuan rumah George Morgan lan petenis asal Kroasia, Mate Pavić keluar minangka juwara lan ngraih gelar Grand Slam pertamanya. Déné, ing kategori Gandha Remaja Putri, dimenangkan déning peserta asal Kanada Eugénie Bouchard lan sing pasangan karo peserta asal Amérikah Sarékat Grace Min.
Ing kategori mirunggan, Esther Vergeer lan Sharon Walraven kasil njaga gelar juwara. Iki minangka kamenangan katelu Vergeer maturut-turut lan mbuktèkaké yèn dhèwèké ora tau kalah ing Wimbledon. Ing sèktor putra, Maikel Scheffers lan Ronald Vink ngraih "Career Grand Slam" sawisé dadi juwara ing ajang iki, sing durung tau diraih sadurungé.
Juwara-juwara kategori Legenda ya iku: Lindsay Davenport lan Martina Hingis, pasangan asal Walanda Jacco Eltingh lan Paul Haarhuis, lan pasangan asal Australia, Pat Cash lan Mark Woodforde.