![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/7a/Flag_of_Mangkunegaran.svg/langjv-640px-Flag_of_Mangkunegaran.svg.png&w=640&q=50)
Kadipatèn Mangkunagaran
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kadipatèn Mangkunagaran utawa Praja Mangkunagaran (Jawa: ꦑꦢꦶꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦁꦑꦸꦟꦓꦫꦤ꧀) iku praja ing Jawa Tengah kang isih madeg nganti sapréné. Bebarengan karo Kasunanan Surakarta, Kasultanan Ngayogyakarta, lan Pakualaman, Praja Mangkunagaran iku ahli warisé Karajan Mataram kang tau maréntah sapérangan gedhé Tanah Jawa.
Aksara Latin |
ꦗꦮ |
Nagari Kadipatèn Mangkunagaran
ꦟꦒꦫꦶꦑꦢꦶꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦤ꧀ | ||||||||||||
| ||||||||||||
![]() Wilayah Mangkunegaran 1830 (werna jambon ing sisih kidul-wétan) | ||||||||||||
Kutha krajan | Kabupatèn Kutha Mangkunagaran | |||||||||||
Basa | Jawa | |||||||||||
Agama | mayoritas Islam | |||||||||||
Pamaréntahan | Monarki | |||||||||||
Adipati | ||||||||||||
• | 1757-1795 | Mangkunagara I | ||||||||||
• | 1944-1946 (status diudhunké); w. 1987 | Mangkunagara VIII | ||||||||||
• | 1987-2021 | Mangkunagara IX | ||||||||||
• | 2021-petahana | Mangkunagara X | ||||||||||
Sajarah | ||||||||||||
• | Prajanjèn Salatiga | 1757 | ||||||||||
• | Pengundangan Penetapan Pemerintah No. 16/SD Tahun 1946 (pembekuan) | saiki | ||||||||||
| ||||||||||||
Praja Mangkunagaran diadegaké sawisé Prajanjèn Salatiga ing 17 Maret 1757, déning Radèn Mas Said kang sadurungé balané ing pambalélan karo pamané Pangéran Mangkubumi kang banjur dadi Sultan Hamengkubuwana I. Praja Mangkunagaran lestari nganti jaman pendudukan Jepang lan Indonésia mardika sawisé taun 1945. Sawisé taun 1945 banjur tanah wewengkoné, yaiku Karanganyar, Wanagiri disita ing pamaréntah Indonésia lan digabung karo Jawa Tengah. Banjur tanah Mangkunagara ing Surakarta, digabung karo tanah Kasunanan lan dadi Kutha Surakarta. Banjur tanahé kang wujud enklave ing Gunungkidul, Ngawèn disrahaké marang Daerah Istimewa Yogyakarta.
Wiwit taun 1990, Praja Mangkunagaran dipanggedhèni déning KGPAA Mangkunagara IX utawa uga ditepungi mawa asma Gusti Jiwa.
Garwa présidhèn Indonésia kapindho Soeharto: Bu Tien utawa asma jangkepé R.A. Siti Hartinah iku kerabat Mangkunagaran.