kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Pekalongan iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing pantura, kutha Kajen iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.085,73 km² utawa hèktar. Kabupatèn Pekalongan dumunung ing jalur "Pantura" (Pasisir Utara Jawa).
| |||
Sesanti: "Kutha Santri" (Sehat, Aman, Nyaman, Tertib, Rapih lan Indah) | |||
Dina Dadi: | 25 Agustus 1622/12 Robiu'l Awal 1042 H | ||
Kutha krajan: | Kajen | ||
Bupati: | id:Fadia A. Rafiq | ||
Wakil Bupati: | Riswadi | ||
Jembar -Total: | 1.085,73 km² | ||
Kacamatan -Cacahe: | 19 Kacamatan | ||
Padunung -Total: -Kapadhetan: | +/-1,5 yuta +/-/ km² | ||
Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
Agama: | Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda | ||
Basa: | Basa Jawa lan Basa Indonésia |
Kabupatèn Pekalongan resmi diadegaké miturut Undang-Undang Nomor 13 Taun 1950 ngenani pamaréntah Laladan Kabupatèn ing Provinsi Jawa Tengah, titiwanci: Dina Selasa Pon tanggal: 8 Agustus 1950 sing dikukuhaké ing Yogyakarta, déning Pemangku Jabatan Sementara Présidhèn Républik Indonésia Mantri Dalam Negeri SOESANTO TIRTOPRODJO lan Mantri Kehakiman A.G.Pringgo Digdo.
Miturut Undang-Undang mau pamaréntah Laladan Kabupatèn Pekalongan diwangun bebarengan karo 28 laladan liya, antarané: Semarang, Kendhal, Demak, Grobogan, Pekalongan, Pemalang, Tegal, Brebes, Pati, Kudus, Djepara, Rembang, Blora, Banjumas, Tjilatjap, Purbalingga, Banjarnegara, Magelang, Temanggung, Wonosobo, Purworejo, Kebumèn, Boyolali, Sragen, Sukoharjo, Karanganyar lan Wanagiri.
Kabupatèn Pekalongan iki kalebu salah sijine kabupatèn ing Jawa Tengah. Panggone ing pinggir lor saka Pulau Jawa. Kabupatèn iki ana ing garis lintang 6°0 ́ – 7°23’ lintang kidul lan 109°0 – 109°78’ bujur wetan. Kabupatèn iki wewatesan karo wilayah kabupatèn liya, yaiku :
ing sisih lor karo: | Sagara Jawa |
ing sisih kidul karo: | Kabupatèn Banjarnegara |
ing sisih kulon karo: | Kabupatèn Pemalang |
ing sisih wétan karo: | Kabupatèn Batang |
[1] Kabupatèn Pekalongan nduweni amba 836,13 km2
Kabupatèn Pekalongan ketata saking 19 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Pekalongan ya iku:
Wiyata Dasar Menengah
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.