Kèju édham
pangangan mligi saka Walanda / From Wikipedia, the free encyclopedia
Edam (Basa Walanda Edammer) inggih punika kèju ingkang asalipun saking Walanda ingkang kanthi tradhisional awujud bunder lan mawi warna kuning terang ugi dipunwungkus mawi parafin lan malam kanthi warna abang.[1]. Kèju punika dipunparingi nama kados makaten amargi kapisan dipundamel ing Edam, Holland Lor[1] Edam ingkang umuripun paling boten 17 minggu dipunwungkus déning malam kanthi warna ireng, sanès abang utawi kuning.[1] Kèju Edam gadhah raos ingkang lembut, radi asin utawi raosipun kados kacang. Kèju punika ugi boten mambu tinimbang kèju sanèsipun.[1] Kèju Edam punika ugi kandhutan lemak langkung andhap tinimbang kèju tradhisional sanèsipun 28 % kanthi kandhutan protéin 25 %.[1] Kèju Edam ingkang modhèren langkung lembut tinimbang kèju sanèsipun kados Kèju Cheddar amargi kandhutan lemakipun ingkang langkung andhap.[1]