From Wikipedia, the free encyclopedia
Jawaharlal Nehru (जवाहरलाल नेहरू, Javāharlāl Nehrū) (Allahabad, Uttar Pradesh, 14 November 1889 – 27 Mèi 1964), ugi kasebat Pandit ('Guru') Nehru, punika pamimpin sayap sosialis Konggrès Nasional India wekdal perjuwangan kamardikan India saking Kamaharajan Karajan Manunggal lan ing mangsa sasampunipun.
Jabatan: | Mahamantri India Ke–1 |
Periode Jabatan: | 15 Agustus 1947 – 27 Mèi 1964 |
Nggantosaken: | Tidak Ada |
Kagantosaken: | Lal Bahadur Shastri |
Wiyosan: | 4 November 1889, Allahabad, Uttar Pradesh, India |
Pulitik India: | Konggrès I |
Séda: | 27 Mèi 1964 |
Kapercayan: | Boten wonten, Atheist |
Ing wekdal samanten India dipunkuwaosi déning Inggris. Sapérangan tiyang India salajengipun péngin nagari India kapréntah déning bangsa India piyambak. Pamimpinipun ing wekdal samanten inggih punika Mahatma Gandhi. Ing wekdal samanten ramanipun Motilal Nehru punika pengacara ingkang asring mbiyantu Gandhi. Ing wekdal ingkang sami Nehru saweg nglampahi pendhidhikan ing Inggris. Sasampunipun rampung anggènipun sinau, piyambakipun dados pengacara, boten dangu salajengipun piyambakipun ninggal pedamalenipun. Amargi piyambakipun katarik tumut lelampahan ramanipun lan Gandhi nglawan Inggris. Piyambakipun dados Mahamantri India ingkang sepisanan wanci kamardikan ing tanggal 15 Agustus 1947, lan lajeng mangreh dumugi sedanipun. Piyambakipun mbudidaya kanggé kabecikan India lan ugi kanggé katentreman donya. Piyambakipun njurung pambentukan PBB. Salah satunggaling sosialis ingkang atos, Nehru punika sang arsitèk 'Resolusi Abadi' ingkang gadhah sumpah tumrap 'Pola Lingkungan ingkang Sosialistis'. Jawaharlal Nehru kaanggep salah setunggiling pamimpin donya ingkang misuwur.
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Jawaharlal Nehru |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Jawaharlal Nehru. |
Didhisiki déning: tidak ada |
{{{jabatan}}} 1947–1964 |
Diganti déning: Gulzarilal Nanda |
Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.