Jathilan Ngayogyakarta
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jathilan menika salah satunggiling kesenian awujud beksa ingkang dipun iringi gendhing tradhisional. Jathilan ugi asring dipun sebat jaran képang.
Jathilan dipendhet saking tembung Jawi: Jan ingkang artosipun saestu lan thil-thilan ingkang artosipun kathah ébah lan tingkah. Wonten ugi ingkang nèlakaken mekaten, "jaranne jan thil-thillan tenan". Piranti utami kanggé beksa jathilan menika aranipun jaran-jaranan. Jaran-jaranan menika dipun damel saking pring tipis ingkang dipun anyam lajeng dipun cet supados katon èndah.
Jathilan dipun beksan dening 6 – 12 tiyang sesarengan. Penarinipun jèjèr kalih-kalih lan mbeksa ébahan beksa jathilan.
Jathilan saged dipun beksa dening tiyang kakung menapa déné tiyang setri.