Indonesia Tarbuka 2007
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kajuwaraan Badminton Djarum Indonesia Tarbuka 2007 iku kajuwaraan badminton internasional bintang lima sing dianakaké ing Istora Senayan ing kutha Jakarta. Bebungah total kajuwaraan iki gedhéné 250 èwu dolar AS. Kajuwaraan iki minangka salah siji saka turnamen sing lumebu sajeroning BWF Super Series.
Babak utama dianakaké wiwit tanggal 7 Mèi nganti tanggal 13 Mèi 2007.