Arimbi utawa Hidimbi iku putriné raja raseksa Prabu Kala Trembaka (Arimbaka) ing Pringgondani. Dewi Arimbi duwé pitu sadulur, yaiku: Arimba, Arya Prabakesa, Brajadenta, Brajamusti, Brajalamatan, Brajawikalpa lan Kalabendana.

Thumb
Dèwi Arimbi ing kesenian wayang golèk

Raja Arimbaka iki mati déning Pandhu. Anak mbarepé, Arimba arep males marang Pandhawa nalika babat alas Wanamarta/Mretani. Niaté Arimba iki ora disarujuki déning Arimbi. Arimbi kepranan marang satriya Pandhawa, Bima. Kanthi dibiyantu déning Arimbi, Bima bisa mungkasi Arimba kanthi gampang. Arimbi banjur dadi garwané Bima lan peputra Gathotkaca. Ing vèrsi India, Arimbi sinebut Hidimbi. Dewi Arimbi dadi ratu nagara Pringgandani, nggantèkaké kalungguhan kangmasé Prabu Arimba sing tiwas sajeroning paprangan nglawan Bima. Nanging amarga luwih kerep manggon ing Kesatrian Jodipati mèlu garwané, kakuwasan nagara Pringgandani diwakilaké marang adiné yaiku Brajadenta nganti Gathotkaca diwasa lan diangkat dadi raja nagara Pringgandani kanthi gelar Prabu Kacanagara.

Dewi Arimbi duwé kasektèn bisa malih rupa saka wujudé raseksi dadi putri jatmika.

Arimbi duwé sipat lan watek: jujur, setya, bekti lan tresna marang putrané. Arimbi palastra ing Perang Baratayuda melu obong nututi putrané Gathotkaca sing palastra amarga kena panah Kunta duwèké Adipati Karna, Adipati Ngawangga.[1]

Deleng uga

Pranala njaba

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.