From Wikipedia, the free encyclopedia
Heliks saka tembung Yunani έλικας/έλιξ, iku wujud mlungker kaya siji pegas, sekrup utawa andha spiral. Heliks iku wigati banget sajeroning èlmu hayat ngèlingi DNA iku dhapuré heliks lan akèh Protein duwé substruktur wujud gheliks ditepungi minangkahelix alfa
Heliks bisa mlungker ngiwa utawa nengen, kanthi siji tumpuan ing tengah, yèn obahan saarah dom jam saka tumpuan heliks ngadoh saka pangamat, mila Helix mau mlungker nengen, lan yèn obahan saarah dom jam saka tumpuan helix nyeraki pangamat mila helix mau mlungker ngiwa. Ketangan (utawa Kiralitas) iku properti saka Heliks. Sawijining heliks sing mlungker nengen ora bisa diputer utawa diwalik saéngga dadi mlungker ngiwa, kejaba yèn dideleng liwat kaca , lan sawaliké.
Akèh-akèhé sekrup perkakas mlungker nengen. Heliks alfa sajeroning èlmu hayat lan uga wujud A lan B saka DNA iku heliks sing mlungker nengen. Nanging wujud Z saka DNA mlungker ngiwa.
Let ulir saka siji heliks iku let saka siji puteran penuh saka heliks diukur saka tumpuan heliks.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.