From Wikipedia, the free encyclopedia
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
MP5 | |
---|---|
MP5A3 | |
Tipe | Pistol mitraliur |
Negara asal | Jerman |
Sejarah pemakaian | |
Digunakan | 1966–sekarang |
Sejarah produksi | |
Perancang | Tilo Möller, Manfred Guhring,Georg Seidl, Helmut Baureuter |
Tahun | 1964 |
Produsen | Heckler & Koch |
Diproduksi | 1966— |
Spesifikasi | |
Berat | 2,54 kg (MP5A2)2,88 kg (MP5A3) |
Panjang | Popor tetap:
Popor lipat:
|
Panjang laras | 225 mm |
Peluru | 9 x 19 mm Luger |
Mekanisme | Blowback, bolt tertutup |
Kec. tembak | 800 butir/detik |
Kec. peluru | 270 m/s |
Jarak efektif | 200 m |
Pengisian | Magazen box 30 atau 100-butir,
Magazen ganda 150 atau 500-butir |
Alat bidik | Bidikan besi, Belakang diopter putar, depan cagak |
MP5 dikenalake déning uHeckler & Koch (HK) nalika taun 1966, kanti jeneng HK54. Jeneng iki andhedhasar cara panjenengan kuna HK: "5" kanggo pistol mitraliur, lan "4" artiine berkaliber 9 x 19 mm. Jeneng anyare wiwit dienggo awit senapan iki resmi diadopsi déning Jerman Barat kanggo dienggo pulisi lan penjaga wates, ya iku Maschinenpistole 5 utawa MP5. GSG-9, unit anti-teroris penjaga wates, banjur manuhaké MP5 iki marang ékan anti-teroris Barat liyané.
Heckler & Koch nglakokaké akèh modifikasi perbaikan nalika MP5; komponèn internal lan eksternal senapan iki wis akèh berubah saka model awal. Model MP5 pertama kasadya kanti popor tetep (A2) utawa popor lipat (A3), lan pira-pira konfigurasi pelatuk.
Pengembangan gedhé sebanjure ya iku seri MP5SD ("SD" singkatan saka Schalldämpfer, kang tegesé "suwara teredam"), kang dikenalake nalika taun 1974. Model iki duwé peredam suara terintegrasi lan laras mirunggan kang ngalonake kecepatan peluru dadi rodok ing ngisor kecepatan suwara. Hasile ya iku senapan iki ora krungu saka jarak punjul 15 mèter.
MP5K ("K" singkatan saka Kurz, kang tegesé "cendek"), kang dawne amung 325 mm, dikenalake nalika taun 1976, panjalukan saka agen pangadol senapan HK ing Afrika Selatan, kang ndeleng potensi pangadolane kanggo pelindung pribadi (bodyguard). Senapan iki duwé gocekan ngarep vertikal kanggo mbantu nahan tendangan, piranti bidik kang digawé luwih cilik, malah tas mirunggan kang bisa minangka nembak.
Sajrone kontrak mirunggan karo Angkatan Laut Amérikah Sarékat, Heckler & Koch ngembangaké MP5N ("N" kanggo Navy, "Angkatan Laut") kang digawé kanggo ékan elit angkatan laut. MP5N wujud MP5 standar kang digawé kanti konfigurasi pelatuk angkatan laut, popor lipat, laras mirunggan kang bisa dipasang peredam suwara, lan komponèn kang luwih tahan karat.
Varian MP5 paling anyar ya iku MP5F ("F" kanggo French, "Perancis"), kang dikembangake nalika taun 1999 kanggo militèr Perancis. MP5F duwé komponèn internal kang anyar kanggo nampa peluru 9 mm kang luwih kuwat. Owah-owahan eksternal ing MP5F ya iku popor anyar kanti karèt penahan, bolongan kanti tali selempang ing pérangan tengen popor, lan 2 cantelan kanggo tali selempang ing pérangan ngarep.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.