Hatikvah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Hatikvah iku lagu kabangsané Israèl. Tembung Ibrani iki tegesé kanthi barès utawa lèterlek iku "Pangarepan". Lirik Hatikvah dianggit déning Naphtali Herz Imber (1856-1909) ing Jassy taun 1878. Dhèwèké asalé saka Galisia (saiki ing Polen, Rumania lan Ukraina). Nalika Proklamasi Kamardikan Israèl ing taun 1948, lagu iki didadèkaké lagu kabangsan Israèl kanthi ora resmi.