Harry Brearley

From Wikipedia, the free encyclopedia

Harry Brearley

Harry Brearley (1871 - 1948) misuwur minangka pamanggih stainless steel. Nalika tanggal 13 Agustus 1913 stainless steel sepindhah dipunwedalaken ing laboratorium Brown-Firth.

Monumen kanggé Harry Brearley ing tilas Laboratorium Risèt Brown Firth

Bapanipun nyambut damel ing paleburan baja. Nalika yuswa 12 taun Brearly nyambut damel ing pabrik baja panggènanipun bapanipun nyambut damel. Salanjengipun panjenenganipun dados asistèn ing laboratorium kimia. Panjenenganipun ugi saged sinau dhumateng pabrik ing manca nagari. Salajengipun magang minangka asistèn laboran.

Nalika taun 1908, kalih pabrik baja ageng ing Sheffield sarujuk kanggé mbiayai laboratorium risèt umum: Brown Firth Research Laboratories, lan Brearley mimpin proyèk puniku. Taun 1912, laboratorium kasebat nliti korosi laras senapan. Masalahipun inggih punika baja wau boten tahan suhu inggil. Brearley wiwit nguji panambahan kromium dhumateng baja. Panlitèn puniku fokusipun ing pangétangan sapérangan tingkat karbon, kromium, lan wesi ingkang dipunparingaken.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.