Grobag sapi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Grobag sapi menika salah setunggaling titihan tradhisional ingkang dipun tarik déning sapi utawi lembu. Grobag sapi saged ngangkut 4 - 6 tiyang.
Grobag sapi tasih saged kita panggihi wonten ing Bantul, Yogyakarta.
Grobag sapi ing jaman semanten dipun ginakaken kanggé ngangkut pusakanipun para prajurit. Grobag sapi kadamel saking kajeng, sisih nginggil dipun tutup nganggé ron arèn ingkang dipun anyam, rodanipun kadamel saking kajeng dipun lapisi plat wesi.
Grobag sapi mboten mbetahaken bensin mila grobag menika dados titihan ingkang ramah lingkungan. Lethongipun sapi dipun damel pupuk organik ingkang nyuburaken taneman. Grobag sapi kala rumiyin dados titihan baken kanggé ngangkut panènan ingkang dipunastha kondur menapa déné dipun sadé dhateng peken. Grobag sapi menika dipun cepeng setunggal tiyang ingkang dipunsebat bajingan, singkatan saking bagusing jiwa angen-angening pangéran artosipun tiyang sae ingkang dipun tresnani Gusti Allah. Dangu-dangu tembung bajingan dados awon maknanipun amargi kala semanten kathah tiyang sampun dangu sanget nengga bajingan miyos, ananging malah mboten dugi-dugi. Lajeng tiyang-tiyang menika anyel lajeng ndadosaken tembung menika kados-kados pisuhan.
Ing jaman perjuangan, grobag sapi dados titihan ingkang mupangati sanget kanggé para gerilyawan amargi grobag menika ageng lan tutupan. Grobag sapi cocog sanget kangge ngangkut pusaka, bahan mentahan saha kanggé ndelik para gerilyawan.
Grobag sapi samenika sampun awis-awis dipun panggihi wonten ing masarakat moderen. Ewasemanten, grobag sapi menika nggadhahi nilai seni inggil. Seni menika amargi wonten swanten saking klunthungan ingkang dipun anggé ing gulunipun sapi.