From Wikipedia, the free encyclopedia
Omah (krama: griya) iku panggonan sing digawé wong kanggo dedunung utawa netep. Ing sajeroning omah, wong utawa kulawarga mau bisa lèrèn lan nyimpen deduwéné. Ing jaman modhèren saiki, isi omah iku warna-warna, ana piranti kanggo nyiapaké pangan lan kanggo reresik awak kaya déné papan adus lan jamban.
Omah awujud ruangan sing diwatesi témbok lan payon, racaké duwé dalan mlebu/metu wujud lawang, bisa uga mawa jendela kanggo pepadhang lan lumebu metuné hawa. Dhasaré omah bisa awujud lemah, ubin, babut, keramik, utawa bahan liyané. Omah modhern racaké pepak duwé unsur-unsur iki, lan ruangan ing sajeroné kapérang-bagi dadi kamar-kamar sing carané nganggo dhéwé-dhéwé, kaya ta kamar turu, pakiwan utawa kakus, ruang mangan, ruang kulawarga, ruang tamu, garasi, gudhang, téras, lan pekarangan.
Sajeroning kagiyatan sadina-dina, wong racaké ana ing sajabané omah saperlu nyambutgawé, lumebu sekolah, utawa ngayahi aktivitas liya, nanging paling sethithik omah duwé fungsi minangka papan kanggo turu kulawarga.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Houses. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.