Gendéra Setengah Cagak ya iku istilah kang digunakaké kanggo nyebut kagiyatan pangibaran gendéra kang dipasang ing tengah-tengah cagak. Ing akèh-akèhé nagara, acara iki ditindakaké kanggo pakurmatan, belasungkawa, utawa kasengsaran.[1]
Acara masang gendéra setengah cagak wis diwiwiti nalika abad kaping pitulas.[2] Acara iki dipracaya bisa nggawé "gendera kapaten sing ora ketok" kapasang ing pucuk cagak gendéra, sing nengeri anané wong mati (Ing Tanah Jawi, biasané nganggo gendera abang).[3] Ing pirang-pirang nagara, contoné Britania Raya, gendéra karajan ora pernah dipasang setengah cagak amarga mesti bakal ana raja/ ratu sing bakal nggantikaké raja/ ratu sing wis séda.[4] Ing Arab Saudi, Somaliland, lan Afghanistan, gendéra ora oleh dipasang setengah cagak amarga ing gendéra iku mau kaserat kalimat syahadat. lan ing Irak, gendérane ra oleh dipasang setengah cagak amarga ana kalimat takbiré.
Nalika arep masang gendéra setengah cagak, gendéra kasebut kudu ditarik nganti pucuké cagak, bar kuwi lagi diudunké nganti setengah cagak. Nalika arep ngundunaké gendéra, uga padha, gendera dipasang dhisik nganti pucuk, banjur kuwi diudunké lan dicopot saka kèrèkan.
Rujukan
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.