Gender Panerus utawi Gender Penerus inggih punika salah satunggalipun piranti musik Jawa.[1] Piranti punika kalebet jinis Gendèr.[1] Gender Panerus punika titi larasipun langkung alit malih, tinimbang Gender Barung, saged dipunamani langkung methit malih.[1] Methit tegesipun larasipun langkung inggil. Gender Panerus gadhah wilahan sami kaliyan Gender Barung, nanging titi larasipun ingkang alit methit, ungelipun cumengkling.[1] Piranti tabuhipun wonten kalih, kaasta kanthi asta kalih.[1] Sami kaliyan namanipun, gender panerus gadhah jejibahan namung nerasaken kemawon.[1] Malah kepara saged dipunnamani namung ngetutaken utawi ndhèrèk / nginthil dhateng lakunipun gender barung.[1] Gender panerus gadhah ukuran ingkang alit, oktafipun tengah ngantos inggil.[2] Sanajan piranti musik punika boten kedah wonten ing ansambel, wontenipun piranti gender panerus saged nambahi kasugihanipun gamelan.[2]

Thumb
Gambar Gendèr

Gender panerus kadamel sami kaliyan gender barung.[1] Dados upaminipun saplagren (sadaya gamelan jangkep), upaminipun gender barungipun kadamel saking perunggu utawa gangsa, prayoginipun gender panerusipun ugi bahanipun saking perunggu utawi gangsa.[1] Gender panerus limrahipun kadamel saking wesi utawi tosan, kuningan, perunggu, lan gangsa.[1] Gender panerus punika arang sanget dipun-ginakaken ing kalanganipun paguyuban karawitan, awit pigunanipun boten patia dipunbetahaken sanget, bènten kaliyan gender barung utawi gender babon.[1] Manawi kita prangguli ing pagelaran wayang kulit utawi uyon-uyon, arang sanget kita prangguli wontenipun Gender Panerus punika.[1]

Filosonipun

Gender Panerus punika mengku werdi: manawi guneman lan tumindak ampun tanpa teges lan makna. Dados saben ucap lan tumindak punika kedah gadhah bobot, kualitas kang mumpangati tumrap bebrayan agung.[1]

Cathetan suku

Pranala njawi

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.