gorèngan From Wikipedia, the free encyclopedia
Gedhang gorèng utawa Godhoh Gedhang iku panganan kang bahané saka gedhang, banjur dioncèki lan digorèng kanggo nyamikan. Cara panggawéné gedhang goreng:
Panggonan asal | Indonésia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Jawa |
Woworan pokok | gedhang |
Buku masakan: Gedhang gorèng Médhia: Gedhang gorèng |
Gedhang luwih énak lan cocog didhahar minangka nyamikan ing wayah soré lan ing wayah udan, didhahar barengan teh utawa kopi.
Ora kabèh gedhang cocog kanggo gawé gedahng gorèng. Jinis gedhang kang cocog kanggo gawé gedhang gorèng antarané jinis gedhang kepok, gedhang ratu lan gedhang nangka. Déné jinis gedhang kang kurang cocog digawé gedhang gorèng antarané jinis gedhang susu, gedhang ambon, gedang mas. Sawetara jinis gedhang kaya gedhang kepok lan gedhang byar (Basa Indonésia: Pisang tanduk) luwih cocog yèn digawé gedhang godhog.
Gedhang gorèng diwanuhaké ing taun 1511 déning bangsa Portugis kang ndadèkaké gedhang gorèng minangka panganan kanggo sarapan. Sadurungé tekané bangsa Portugis, gedhang ora tau dimasak nanging langsung dipangan. Portugis uga ngenalaké cara nggorèng gedhang kang dibungkus glepung.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.