panganan saka Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Gadho-gadho minangka salah sawijining panganan sing asalé saka Indonésia awujud janganan sing digodhog lan dicampur dadi siji nganggo sambel kacang (utawa sambel kang digawé saka kacang karo gula jawa sing diuleg), banjur diwènèhi endhog irisan. Umumé akèh sing nyampuraké kenthang godhog sing wis diuleg kanggo sambel gado-gado. Carané yaiku kenthang diolah bareng karo sambel kacangé. Sawisé sambel dicampuraké karo janganan mau, banjur diwénéhi bawang goreng, emping goreng, lan bisa uga krupuk.
Aksara Latin |
Gadho-gadho bisa dipangan ngono waé nganggo sambel kacang, ananging uga bisa dipangan bebarengan karo sega putih utawa lonthong.
Gadho-gadho ana molai nalika kasultanan Mataram kang dipimpin Sultan Agung nyerbu Batavia iku kentèkan bahan panganan kaya ta wos. Saliyané iku lumbung-lumbung wos ing saubengané Batavia diobong déning VOC, saingga prajurit warok saka Panaraga kang ana ing pasukan perangé Sultan Agung gawé sambel pecel saka kacang, banjur disiramaké menyang jejanganan entah sing ana ing sawah kanggé panguripan saterusé wayah perang. Pakaryan iki ing basa Jawa diarani Gadho sing tegesé mangan tanpa sega utawa mangan mung lawuhé. Apa kang ditindakaké déning warok-warok iki ditutaké déning prajurit liyané, ya iku mangan jenanganan saanané banjur disiram bumbu sambel pecel.
Janganan sing digunakaké bisa manéka warna, ananging janganan sing asring digunakaké yaiku:
Janganan sing digunakaké yaiku sing isih mentah, kajaba endhog lan kenthang godhog. Ananging bisa uga kobis lan kembang kol mau digodhog dhisik utawa didang. kiri|jmpl| Isiné gadho-gadho.
Salah sijiné sing mbédakaké gadho-gadho saka salad janganan liyané yaiku sambel kacang sing digunakaké. Samubarang sing digunakaké kanggo nggawé sambel kacang bisa uga beda-beda, sing umum digunakaké yaiku:
Bisa uga diwénéhi:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.