Gènjèr
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gènjèr (Limnocharis flava) iku sawijining tuwuhanrawa sing akèh tinemu ing sawah utawa embengan cethèk. Lumrahé tinemu bebarengan karo ècèng gondhok. Gènjèr iku sumber sayuran "wong ora nduwé", sing dipangan wong ndesa nalika ora ana panènan sayuran liya. Tuwuhan iki uga diarani cénthongan, gendhot lan lenguk. Ing prasawungan internasional dikenal kanthi limnocharis, sawah-flower rush, sawah-lettuce, velvetleaf, yellow bur-head, utawa cebolla de chucho. Jeneng "paku rawan" rada mbingungaké amarga ora lumebu ing kulawarga tuwuhan paku.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Gènjèr | |
---|---|
Genjer dengan bunga | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Liliopsida |
Ordho: | Alismatales |
Famili: | Limnocharitaceae |
Génus: | Limnocharis |
Spésies: | L. flava |
Jeneng binomial | |
Limnocharis flava (L.) Buchenau | |
Tutup
Tembang gènjèr-gènjèr kang kondhang ing taun 1960an nyritakaké rekasané wong ndésa nalika jaman Jepang, kang ngundhuh gènjèr kanggo dikelan.