![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/80/FIFA_Logo_%25282010%2529.svg/langjv-640px-FIFA_Logo_%25282010%2529.svg.png&w=640&q=50)
Fédération Internationale de Football Association
From Wikipedia, the free encyclopedia
Fédération Internationale de Football Association (FIFA) utawa Federasi Internasional Persatuan Bal-balan iku badan pengatur internasional bal-balan. FIFA duwé markas ing Zürich, Switserlan.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/80/FIFA_Logo_%282010%29.svg/320px-FIFA_Logo_%282010%29.svg.png)
FIFA diadegaké ing Paris tanggal 21 Mèi 1904 lan ngrayakaké dina dadiné angka 100 ing taun 2004. Sasi April 2004, FIFA mbiwara yèn bakal ngraup kauntungan $144 yuta saka $1,64 miliar pametu ing taun 2003 lan 2006.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a8/World_Map_FIFA2.svg/640px-World_Map_FIFA2.svg.png)
FIFA uga promosi bal-balan, ngatur transfer juru main antar tim, mènèhi gelar Pemain paling apik donya FIFA, lan macak pratélan Peringkat Donya FIFA saben sasi.
Peraturan bal-balan dikukuhaké déning IFAB (International Football Association Board), dumadi saka papat wakil saka FIFA lan siji-siji wakil saka Asosiasi Bal-balan Inggris, Asosiasi Bal-balan Sekotlan, Asosiasi Bal-balan Wales lan Asosiasi Bal-balan Irlandia.