Friuli-Venezia Giulia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Friuli-Venezia Giulia iku laladan (regione sajeroning basa Italia), kang dumunung ing wétan-lor Italia kanthi 1,2 yuta jiwa sing ndunungi. Jembaré wewengkon ana 7844 km² lan kutha krajané dumunung ing kutha Trieste.
Laladan iki minangka laladan otonomi kang kawangun saka wewengkon Friuli (kalebu provinsi Udine, provinsi Pordenone lan péranganing provinsi Gorizia) lan Venezia Giulia (provinsi Trieste lan laladan wétan saka provinsi Gorizia). Ing pérangan wétan, Friuli-Venezia Giulia wewatesan karo Slowén, sisih lor wewatesan karo Ostenrik, sisih kulon wewatesan karo laladan Veneto lan ing sisih kidul wewatesan karo Sagara Adriatik.