From Wikipedia, the free encyclopedia
John Frederick Denison Maurice (1805-1872) ya iku sawijining teolog Inggris lan uga dadi tokoh pemimpin obahan sosialis.[1] Dhèwèké ditahbiske nalika taun 1834, dhèwèké uga dadi tokoh kang misuwur ana ing babagan intelektual lan sosial ing Kutha London.[2] Dhèwèké uga mèlu mènèhi sumbangan ana ing babagan pendidikan ing Queen's College kanggo pendidikan perempuan (1848), lan Men's College (1854).[2] Nalika taun 1853 dhèwèké ngetokaké esai-esai téyologi lan uga mèlu ana ing Gerakan Kristen Sosialis.[2] Kanggo Maurice, gagasane kang ngenani Karajan Kristus (The Kingdom of Christ) dudu ngenteni tekane Kristus kang kaping lorone nanging realita iki wis ana ing sajarah manungsa.[2] Etika lan téyologi moral kang duwé peran wigati ana ing karya-karya tulise kang isiné luwih akèh perhatiane marang iman Kristen lan panguripan moral.[2] Ana ing The Kingdom of Christ, tulisané kang paling misuwur, Maurice mènèhi argumen yèn persekuthuan manungsa padha manungsa dadi èksprèsi lan kaca benggala saka persekuthuan manungsa karo Allah.[2] Persekuthuan manungsa padha manungsa kang rusak, njalari rusake uga gayutan antarané manungsa karo Allah.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.