François Maurice Adrien Marie Mitterrand
From Wikipedia, the free encyclopedia
François Maurice Adrien Marie Mitterrand rungokna (pitulung·info) IPA: [fʀɑ̃ˈswa mɔˈʀis mitɛˈʀɑ̃] (26 Oktober 1916 – 8 Januari 1996) [1] njabat Présidhèn Prancis ing periode 1981-1995 lan kapilih makili Parté Sosialis Perancis (PS). Nalika kapilih sing kapisan ing Pemilihan Présidhèn Perancis, 1981, panjenengané njabat présidhèn sosialis kapisan ing Républik Kalima lan kepala nagara kapisan wing tengen wiwit 1957. Panjenengané kapilih manèh taun 1988 lan njabat tekan 1995.
François Mitterrand | |
---|---|
Présidhèn Républik Prancis ke-21 Présidhèn angka 4 Républik Kalima Prancis Ko-Pangeran Andorra ke-4 | |
Linggih 21 Mèi 1981 – 17 Mèi 1995 | |
Mahamantri | Pierre Mauroy, Laurent Fabius, Jacques Chirac, Michel Rocard, Édith Cresson, Pierre Bérégovoy and Édouard Balladur |
Kang sadurungé | Valéry Giscard d'Estaing |
Kang sawisé | Jacques Chirac |
Rerincèn dhiri | |
Lair | (1916-10-26)26 Oktober 1916 Jarnac, Prancis |
Pati | Januari 8, 1996(1996-01-08) (umur 79) Paris, Prancis |
Parté pulitik | Parté Sosialis |
Sisihan | Danielle Gouze |
Panggaota | Aktivis |
Agama | Katulik Roma (agnostik) |
Tekan saiki panjenengané nyekel rekor minangka présidhèn paling suwé ing sajarah Prancis (14 taun). Mitterand minangka présidhèn siji-sijiné (tekan saiki) sing asalé saka Parté Sosialis Prancis. Panjenengané mbusak hukuman mati ing Prancis taun 1981. Mangsa kalungguhan Mitterrand mandek ing wulan Mèi 1995. Digantèkaké déning Jacques Chirac [2], Mitterrand tilar donya setaun salanjuté amarga kanker prostat. Michel Rocard ngendika babagan panjenengané : Mitterrand n'était pas un honnête homme (Mitterrand wong sing jejek atine).