![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/77/Florentino_P%25C3%25A9rez_2022_%2528cropped%2529.jpg/640px-Florentino_P%25C3%25A9rez_2022_%2528cropped%2529.jpg&w=640&q=50)
Florentino Pérez
From Wikipedia, the free encyclopedia
Florentino Pérez Rodriguez (lair ing Hortaleza, Madrid, Spanyol, 8 Maret 1947; umur 77 taun) inggih punika Prèsidhèn Real Madrid CF lan mandhegani tim punika ing kalih mangsa ingkang bénten.[5] Kapisan ing mangsa taun 2000-2006 lan kaping kalihipun tanggal 1 Juni 2009 ngantos dumugi samenika.[5] Perez misuwur minangka prèsidhèn klub ingkang asring mendhet juru main bal kualitas ingkang saé piyambak lan reginipun awis, saéngga ing tim punika kathah juru main bintang ngantos dipunsebat Los Galactiécos.[5]
Florentino Pérez | |
---|---|
![]() | |
Lair | Florentino Pérez Rodríguez (1947-03-08) 8 Maret 1947 (umur 77) Hortaleza, Madrid, Spanyol |
Padunungan | Madrid, Spanyol |
Bangsa | Spanyol |
Alma mater | Technical University of Madrid |
Pakaryan | Civil engineer |
Kondhang ing | Presiden klub Real Madrid |
Kutha asal | Madrid[1] |
Bebathèn resik | ![]() |
Anggota paheman | Chairman of Grupo ACS |
Bojo | María Ángeles "Pitina" Sandoval Montero (died 22 May 2012)[3] |
Anak | María Ángeles Pérez Sandoval Eduardo Pérez Sandoval Florentino Pérez Sandoval |
Dulur | Eduardo Pérez del Barrio (father) Soledad Rodríguez Pérez (mother)[4] |
Florentino Pérez sampun kasil pikantuk bebingah prèstisius tingkat donya dhateng Real Madrid.[5] Bab punika dipunsebabaken amargi pambudidayanipun ngrembakakaken klub saéngga suksès pikantuk manéka warni prestasi kados ngrebat 36 titel juwara, kalebet sekawan Piala Eropa kanggé bal-balan lan setunggal kanggé olahraga baskét.[5] Perez sampun ndamel klub Real Madrid minangka klub paling sugih sadonya lan pikantuk prédhikat klub olahraga paling préstisius sadonya miturut kalawarti Forbes.[5]